LAILATUL PARCELL
Tanggal Publikasi: 06 September 2010
- Genre: Cerpen
- Bahasa: Indonesia
- Label: CERKAK (CERita ceKAK)
LAILATUL PARCELL
Thit thithit thit thiit….. hp kuna duwene Putu isuk isuk dumadakan muni pratandha yen ana sms kang mlebu. Hp kang gumlethak jejer slepa sing biasane dienggo nambani kecut lambene Putu yen lagi pingin ngudud kuwi banjur dijupuk.
Bareng dibuka, Putu katon mripate mendelik kaget karo isine sms kang teka. “nanti malam tanggal 27 Romadlon adalah malam lailatul qodar, harap sebarka sms ini keseluruh kawan kawan dan dipersiapkan lahir dan bathin menyambut malam agung tersebut” kaya mangkono unine sms kang teka.
Di pitek salarik angka kanggo ndeleng pulsane isih cukup apa ora upama dienggo forward sms kang teka kuwi. Kaget maneh amarga pulsane sing wingi ijih sewu rupiah dieman arep dienggo sms Melati pacare singa ana luar negeri mengko nek malem riyaya ngucapke MOHON MAAF LAHIR BATHIN dumadakan tinulis ing kono “sisa pulsa Rp. 25 akhir periode habis akhir masa tenggang…….” Ora dibacutake anggone maca krana ya ora ana gunane diterusake.
Putu semendhe ana gedhek kamare sing mulai bolong bolong dipangan rayap. Pangangene ngulandara embuh tekan ngendi papan kang mbok menawa pingin diparani kanggo disuwuni kawelasan mboko sak rupiah apa rong rupiah kanggo nulungi hp ne sing sekarat. Ora suwe banjur Putu ngadek nggejejer ana tengah lawang kamare banjur mbengok sak kuwate “dancuuuuuuk……!!!”
Simboke Putu pancen ora ana omah isuk mau pamit arep ngumbah jarit lan klasa kang wus ora rupa ana kali sapinggire desa. Keprungu suwarane Putu sing mbengok sakuwate tangga teparone kaget banjur padha mara ana omahe Putu kang luwih pantes disebut gubug, yu Sri Rejeki tangga pet omahe banjur takon “ana apa Tu kok kowe mbengok ngono bantere ? dicokot ula apa piye…” durung wae njawab Ahmad bocah mbois sing lagi setengah sasi ana ngomah bubar boro ning Arab Saudi wis numpuki pitakon “masya allah ana apa cak kok gawe kagete wong sak kampung wae..”
“kudu misuh…” jawabe Putu entheng. Ahmad ora nerimani karo jawabane Putu sing ora pati nggagas marang pitakone kuwi mau. “lha yo, misuh kuwi kan ya mesthi ana sebab musababe” Ahmad nguleng sarana pitakon maneh pengin ngerti marang kedadian kang sak mesthine.
“kudu ..” wangsulane karo njekikik rada ngenyek marang Ahmad sing isih kemrungsung pengin ngerti.
Tangga teparo kalebu Yu Sri banjur padha bali mulih menyang omahe dhewe dhewe ngerti yen pancen ora ana perkara kang perlu digatekke. Kabeh wis padha paham yen kelakuane Putu ya ngono kuwi. Kadhang rada nganeh nganehi nadyan ya ora nate gawe kapitunane liyan. Mung masalah kelakuan ing omah kadhang kala rada nganggo senenge dhewe.
Kahanan rada sepi banjur Ahmad nyusul wong wong kang padha bali, rada mangkel atine Ahmad ora entuk jawaban sing trep saka Putu. Ana satengahe dalan Ahmad ketemu pak Dhe Jayus sing kebeneran arep menyang omahe Putu. “badhe tindak pundi pak dhe…” Ahmad takon kanggo abang abang lambe, amarga wingi mari kisinan di ilokke karo Pak Dhe Jayus.
Wektu kuwi pak dhe Jayus tepak jejagongan ana sapinggire dalan karo wong akeh. Yo pancen rada adoh teka desa, padha ngumpul ngumpul karo wong sing ora pasa senajan ingdalem sajrone wulan romadlon. Nanging pak dhe Jayus mung kumpul ben katon regeng ya setengahe karo golek kanca omong. Sebab yen awan tepak wulan pasa ngene iki arang wong padha melek.
Embuh tekan ngendi, menawa wae teka desa liya Ahmad ngliwati wong kang padha jagongan babar pisan ora nganggo suba sita, apa maneh weruh tanggane padha jejagongan ana papan kono kebal kebul ora ya padha ora ngrewes yen wulan romadlon. Ahmad Njrunthul wae kaya kaya ora ana manungsa ing kono, banjur pak dhe pamitan marang kanca kancane enggal nututi Ahmad dijak mlebu ana omahe pak dhe sing ora adoh saka kono. Banjur takon marang bocah sing gemagus sing lagi lulus nyopir ana Arab Saudi.
“teko endi Mad…?” rada rikuh Ahmad banjur mangsuli pitakone pak dhe. “anu pak dhe dugi daleme simbah wonten dhusun sebelah” jawabe Ahmad rada bingung. “apa ya ngono kuwi carane yen liwat ana ngarepe wong sepuh kang lagi padha jagong…?”
Unjal ambegan pak dhe sak durunge neruske omongane. “Aku iki ora butuh mbok ajeni nanging aku ya rumangsa duwe kewajiban ngelingake awakmu, merga kowe ya isih tanggaku ya isih pak dhemu yen isih gelem ngakoni” Ahmad ndhiluk wae ora bisa wangsulan
“Yen kowe ora seneng marang wong kang ora padha pasa ya ora ngono carane. Nyatane pak dhe ya isih gelem ngancani nadyan pak dhe dhewe ya nindaake pasa. Wong wong kuwi ya wis padha ngerti ngendi sing salah ngendi sing kleru, dadi kowe ora perlu kaya ngono anggonmu ora seneng” Ahmad mung manthuk manthuk karo sirahe di tekuk
“Kyaimu biyen wektu kowe ana pondok pesantren mesthine lak ya ngandhani yen urip kuwi kudu ajen kinajen. Lha yen kowe pingin amar ma’ruf ya luwih becik kandhanana kang prasaja ora kanthi emosi sing sareh tur ikhlas anggone ngandhani, utawa yen kowe ora kuwawa ya luwih becik bilqolbi ya ora dadi apa. sing penting atimu tetep ora mbenerake marang kelakuane wong wong kang padha kleru kuwi, nanging ingdalem adabul mu’asyarohe kan ya ora mangkono, ya ta...” pak dhe setengahe nyangkrimi. “inggih pak dhe..” Ahmad mangsuli cekak nadyan pak dhe ya ora pati butuh marang wangsulane Ahmad.
“Kita iki urip ingdalem lingkup sosial lan kudu ngerti kahanan. Apa maneh mekenani karo ajaran da’wah bil hal, ya kuwi dhakwah kanthi tingkah laku sing becik. Sing penting wenehana tuladha kanthi lakumu kang bener, mengko insyaallah wong wong blarutan ya kancane pak dhe kuwi lak padha ngerti dhewe. Ya wis gek ndang bali sepurane pak dhe ya yen ngomong rada akeh marang kowe, nanging iki kabeh merga rasa sayangku menyang awakmu” Ahmad manthuk manthuk thok ora bisa mangsuli, banjur salaman nyucup tangane pak dhene sing pancen kagolong wong meneng kuwi, nanging yen kadhung gelem ngomong ya sak dhunak amoh. ora krasa mbrebes mili Ahmad kaya di seblak nganggo pecut sing banget gedhene.
Pak dhe nggebras ae lunga menyang omahe Putu, merga ya rada kesusu bareng ditakoni Ahmad ya rada cekak wangsulane “arep nyang omahe Putu Mad..”. tumekane omahe Putu, ana kono Putu wis jejagongan karo Rendra kanca rakete.
“mangga pak dhe pinarak” Putu lan Rendra ngadek bareng ngerti teka adohan ana pak dhe Jayus banjur nyumanggaake pinarak. “ora Tu.. matur suwun aku iki rada kesusu arep neruske laku, mung nyampekake yen engko bengi kowe karo sisan kuwi kancamu Rendra dijaluk teka ana omahe pak Lurah”.
“lha kinten kinten wonten wigatos punapa pak dhe..” pitakone bocah loro kuwi meh wae bebarengan. “ora ngerti aku aku Ndra, tapi mbok menawa wae yo kabar becik. Ora usah diangen angen sing penting teka wae lak wis…” sak wuse jawab ngono banjur pak dhe lunga njaluk pamit marang bocah loro kuwi. “matur suwun pak dhe…” bebarengan maneh bocah loro anggone matur nuwun menyang pak dhe Jayus. “ya….” Jawabe pak dhe karo mungkur nerusake laku.
“wah apa ya kira kira kok awak dhewe di timbali pak lurah..” pitakone Putu menyang Rendra. “lha embuh padha ora ngertine kok ditakoni tapi……” jawabe Rendra ora diterusake. “tapi apa Ren….” sangsaya penasaran Putu pengin ngerti apa kang diangen angen Rendra
“menawa wae kowe arep di pek mantu pak lurah….” jawabe Rendra kanthi guyon banjur njekakak. “semprullll….” Putu misuh banjur melu njekakak. Ora let suwe simboke Putu sing adus ana kali katon kabotan gawa kumbahan sing sak kranjang akehe. Banjur ditututi Rendra di jaluk di pangkul ana pundhake.
Sak wuse kumbahan di pentheri banjur simboke melu jagong sedhela karo bocah loro kuwi. “mbah wau tiyang tiyang padha mriki merga kaget kalih Putu sing mbengok sak bantere” Rendra ngawiti cerita. “kowe kuwi ana apa maneh ta Tu… isuk isuk kok wis gawe kagete tangga teparo wae” simboke takon menyang Putu. “hehehe misuh mbok” jawabe Putu karo cengengesan. “oalah Tu… Putu, wong pasa pasa kok misuh” jawabane simboke cekak rada ngenyek karo Putu
“lha terus nek ora wulan pasa apa ya entuk misuh ta Mbok…? Misuh kuwi ya misuh tetep wae ora ilok, ngono wingi jare pak dhe..”
“lha gene ya kowe ngerti ngono… pasa kuwi nglatih kesabaranmu, lha yen ingdalem latihan wae kaya ngene apa maneh yen pas ora latihan lak malah saya sak karepmu…? Lan maneh, ya mesakke tangga teparo sig padha kaget lan bingung, uga kuwatir marang kowe. Ya wis angen angen dhewe simbok tak neruske gawean ana pawon” simboke banjur mungkur neruske gawe jajan kanggo nyepaki tamu mengko nek pas riyaya.
Isih padha gegojegan bocah loro ana ngarep omah. Pancen yen wis kadhung jagongan ngono kuwi nganti ora weruh wektu, wis kadhung cocok, soulmate jarene. Bengi bubar salat traweh banjur Putu ganti klambi lan ngenteni Rendra ana emper omahe. Ora suwe Rendra teka banjur bebarengan sowan menyang omahe pak lurah.
Ana daleme pak Lurah wus ngenteni pak dhe lan wong sepuh sepuh liyane klebu Ahmad sing lungguh anaa pojok dhewe. “assalamu alaikum..” sak wuse uluk salam bocah loro kuwi banjur nyalami wong wong kang ana kono.
“padha oleh sms sing isine yeng mengko bengi iki lailatul qodar…?” pak Lurah sing suwarane rada serak mbuh kakehan olehe tadarus apa kakehan ngombe es, ngawiti omongan. “nggih pak..” gambayak kaya tentara ditakoni komandhane wangsulane wong wong kompak.
“lha terus kepriye carane ben awak dhewe iki ya melu entuk berkahe lailatul qodar…?” setengah nyangkrimi pak Lurah takon.
Ahmad sing ana pojok dhewe ngacung “nyuwun sewu pak badhe matur..” “iya gek ndang muni, piye Mad” pak Lurah mangsuli. “menawi pemanggih kawula cocok kalih hadits ingkang dipun riwayataken Imam Muslim:
??????? ????????? ?????? ??????? ??????? ????? ??????? ??????? ?????? ??????? ???????? ????????? ?????????? ??? ????????? ???????????? ??? ??? ?????????? ??? ???????? ( ???? )
Ingkang artosipun: Sayyidatina Aisyah dhawuh bilih kanjeng nabi Muhammad nemen nemeni anggenipun ngibadah ingdalem sepuluh dina ingkang akhir, ingkang penjenengane kanjeng Nabi boten nglampahi kados ing dinten sanese ” Ahmad ngetokke dalile.
“terus mungguhmu piye lan apa kang kudu dilakoni ?” pak Lurah banjur takon marang Ahmad. “punapa malih wonten sms ingkang werdinipun bilih mangke dalu, malaem lailatul qodar kedahipun nggih ngathah ngathaken anggenipun ngibadah, kados ta maos qur’an, dzikir memuji dhateng gusti Allah lan sapinunggalanipun pak” wangsulane Ahmad rada dawa jelasake
“lha nek tadarus lan traweh wae ora tahu kaya kowe ngono iku piye Mad…? hehehe” Putu numpuki omongan rada ngece marang Ahmad sing seneng nggedhekke dalile nanging ora tahu gelem ngelakoni.
“wis wis… aja padha tukaran” pak dhe nengahi omongan. “becike ngene wae… sms kuwi bener lan orane awak dhewe ya ora ngerti tur ora pasti….” durung di teruske, mbah Pandli sing rada nylekuthis medhot omongane pak dhe.. “lha sing pasti piye kang…?”
“sing mesthi tur jelas kuwi ya bendinane, kita ora usah bedaake ngendi dina sing utama, ngendi wektu sing kebak fadlilah, angger ingdalem anggonmu ambekan narik nafas buang nafas tansah mbok barengi kanthi tansah eling marang pengeran kuwi sing paling utama. Tapi ngono kuwi ya ora gampang kaya olehku ngucap. Lha wong ingdalem salat wae awak dhewe iki akeh laline marang gusti Allah apa maneh rikala dolanan utawa gegojegan…” pak dhe unjal ambekan. Pancen wong siji iki nyala wadi.
Ora akeh sing ngerti yen sejatine pak dhe sing rada meneng iki asline nate mondok ana K. Maimun Zubeir Sarang Rembang lan nate sedhela ana Al- Azhar Kairo Mesir. Nanging wektu kuwi simboke pak dhe kapundhut banjur mulih terus ora bali maneh, malah milih dadi musafir malku wali sanga suwene telung tahun.
“lha caranipun kados pundi pak dhe…” bareng wong wong padha meneng kabeh Rendra takon marang pak dhe. “carane ya kudu latihan sing temenanan, uga kudu golek guru sing isa nuntun ingdalem lahir batine, kudu wani tirakat ingdalem rinane ya betah melek ingdalem wengine…”
Wong kang ana daleme pak Lurah padha manggut manggut embuh apa sing ana ing pikirane wong wong kuwi. Bareng wektu wis rada bengi, pak Lurah banjur dhawuh marang wong wong kang padha diundang kuwi mau. “estunipun kula ngrawuhake jenengan kabeh wonten omah niki badhe matur suwun bilih riyin nggih jenengan jenengan niki ingkang nyengkuyung kula ngantos saget dados Lurah wonten ing desa mriki, engga sak mangke kula dados Lurah nggih panjenengan panjenengan niki ingkang tansah merhatosake saha paring pitedah nurih saenipun desa kita.
Saha kula minangkani keluarga kula, nyuwun pangapunten ingkang kathah, sangking sedaya lepat ingkang kula sengaja punapa dene boten” sak wuse pak Lurah pidhato banjur wong wong padha disalami lan digawani sakerdhus gedhe. Embuh isine apa tapi abote ana yen limang kilo.
Katon pasuryane wong wong padha sumringah seneng oleh badan teka pak lurah. Pak dhe Jayus kang mlaku bali ana sandhinge Putu lan Rendra karo gemuyu mbisiki “jenenge iki LAILATUL PARCELL” banjur wong telu kuwi jekakak gemuyu lan bali menyang omahe dhewe dhewe.



