geguritan
WUS ORA BISA SAHITYA
Cukup nimas aja ngucap nadyan sakecap
sak durunge kumrentek ana dhadhamu
lan sak durunge sliramu gawe luput
rasa sih katresnanku
wus luwih dhisik
nglilakke kabeh salahmu
ora mung samudana
apa dene memanise rasa
aku lila
engga tumekane sliramu lunga
kagodha
nanging sawiji kang ora bisa
nadyan sepira gedhene kahyuna
saha giliging tekatmu
KAENDAHANE TAMAN
I suddenly became a stranger in it
apa kang sejatine tumiba
ing taman kang den bangun
dening kapitayan
sirna ana ngendi
sakehing wewangen
kang tansah ngedhemake rasa
melati kang rinonce
ing saben paseban
mangsa sore
: sirna
jombang, 9 September 2010
terasing
KAGODHA GUMELARING TEJA
mecaki dalan dalan kang dawa ngalela
ngulandara ana kaca kaca purba
ing dalan iki rasaku uga rasamu
kagawa lumayune rodha
ana rasa kangen kang nyirep mata
kinanthi gemulunging samudra
kang dumadakan tuwuh ana dhadha
nanging kang dak kanthi iki
dudu sliramu kang dak tresnani
yekti wadon liya kang kinuswa
zamroni allief billah
KENYA NINDYA ING WARNA
lagi wae tumeka tega pamit lunga
mung sasuwene ambarengi candra
nanging arikalane abyor ing cahya
luwih sampurna tinimbang padhange rembulan
kang mung telung dina ing kasampurnan
durung pupus anggonku mandeng
saha cacedhakan marang sliramu
lan nalikane durung bisa ngrasaake
Dewi Pepujaning Ati
Tumetesing embun wengi iki
ora kaya wingi uni
nalika tanganmu tak kanti
miyak petenging ratri
: memuji
ora krasa luh tumetes ing dadaku
nganti teles kebes ngrasakake
ringkihing ati raga lan jiwa amarga
rumangsa tansah kagoda gumebyaring donya
duh katresnanku lilanana
aku lunga ngupadi pepadhanging ati
tumungkul nyawiji mrih rahayu jati



